Lirik Lagu Ardia Diwang Probowati - Sumamburat Bang Bang Wetan

Lirik Lagu "Sumamburat Bang Bang Wetan" Ardia Diwang Probowati


sumamburat bang-bang wétan
kålåwanci kang pinêsthi
sêdåyå pêparingé Gusti
*
solah tingkah munå muni
tindak tanduk kang nyawiji
linambaran agåmå ageming aji

ånå urip ånå mati
padhang pêtêng kang wis mêsthi
bungah susah iku pêparingé gusti

ngupåyå lan pamarsudi
kanthi tulusing ati
pådhå nggayuh wahyuning Ilahi

sun ngidung têngah wêngi
konjuk ngarsaning Gusti
kang nyiptå jagad iki
kang ngrêkså jiwå iki

sun ngidung wayah wêngi
nyuwun agunging pangaksami
lêpat lan doså niki
panjênêngan ampuni

kang bêcik tinuladå
kang ålå singkirånå
ngunduh wohing pakarti
tan biså diwiradati

bêbudèn kang utåmå
sêntoså jiwå rågå
wêlas asihé padukå
tinebih såkå rubédå

[musik]

ånå urip ånå mati
padhang pêtêng kang wis mêsthi
bungah susah iku pêparingé gusti

ngupåyå lan pamarsudi
kanthi tulusing ati
pådhå nggayuh wahyuning Ilahi

[musik]

sun ngidung têngah wêngi
konjuk ngarsaning Gusti
kang nyiptå jagad iki
kang ngrêkså jiwå iki

sun ngidung wayah wêngi
nyuwun agunging pangaksami
lêpat lan doså niki
panjênêngan ampuni

kang bêcik tinuladå
kang ålå singkirånå
ngunduh wohing pakarti
tan biså diwiradati

bêbudèn kang utåmå
sêntoså jiwå rågå
wêlas asihé padukå
tinebih såkå rubédå
Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.