Lirik Lagu "Dadi TKI" Intan ChaCha
Wolung tahun kepungkur
Wektu yen tak itung mundur
Nanging tresno iki ra bakal luntur
Neng kene aku tetep setyo,
Ati tulus njogo tresno,
Tak suwun neng kono kwe ugo setyo
Njogo atimu kanggo aku
Ono pinggir bandara kuwi
Biyen kowe ngucap janji
Bakal setyo nunggu aku nganti bali
Ono bandara adisucipto
Ing tengah kuto ngayogjo
Tunggunen sayang aku enggal teko
Reff :
Suwene anggonku lungo,
Adohe anggonku kerjo,
Golek rezeki lungo dadi tki
Saiki wes teko wanci
Entenono nggonku bali
Jrone atiku kangen setengah mati
Cintaku cintamu semoga cepat bersatu
Kuingin slalu bahagia bersamamu