Lirik Lagu Gandhewa Tresna (Sotya 2) by Dru Wendra Wedhatama.
Kang ginawang ana netra
Amung sawiji wanodya
Kang rumekso jroning nala
Pasuryane apindho sesotya
Mulat endahing sang dewi
Solah slaga datan nguciwani
Ngrabasa telenging ati
Sun sesanti mugiyo tresnaku semi
Endah rumembyak ing keswa
Nalika ndika nedheng ambeksa
Sedyaku biso sesandhingan
Kaya lintang lan rembulan
Lepase panah asmara
Kasurung gandhewa rasa
Tresnaku kanggo sliramu
Wong ayu jejimating kalbu
Lepase panah asmara
Kasurung gandhewa rasa
Tresnaku kanggo sliramu
Wong ayu jejimating kalbu
Lepase panah asmara
Kasurung gandhewa rasa
Tresnaku kanggo sliramu
Wong ayu jejimating kalbu
Wong ayu jejimating kalbu