Durung suwe nggonku ngucap,
Tresnaku marang sliramu,
Ilang muspro, roso sing ning njero atiku.
Opo siro ora kelingan,
Mbiyen gandeng lan bebarengan,
Saben ndino ngomong sayang.
Eman ning nggeroso ati,
Roso sing mbiyen nyawiji,
Lamun bisa, tresnaku ra bakal bubrah.
Ati ra bakal biso lali,
Ngugemi saben janji suci,
Dene siro sing mblenjani.
Wes cukup semene wae,
Anggonku nandang loro sing,
Ning njero dodo.
Wes cukup semene wae,
Anggonmu natoni roso tresno.
Wes cukup, semene wae,
Anggonku nandang loro sing,
Ning njero dodo.
Wes cukup semene wae,
Yen namung gawe kuciwo,
Yen namung gawe nelongso,
Lilo atiku wes lilo