Lirik Lagu Ojo Turu Sore Kaki - Yuliawan Krisdiyanto Feat. Fitria Giartha

Lirik Lagu Ojo Turu Sore Kaki by Yuliawan Krisdiyanto & Fitria Giartha.

Ora bakalan luput
Opo kang ginaris pesti
Manungsa mung bisa manut
Marang gusti kang murbaeng dumadi

Kanthi ati kang suci
Nyeyuwun lan miradati
Tebih saking sambikala
Hama lan lara pinaring tamba

Ojo turu sore kaki
Ono dewo nglanglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine dunga tetulak

Sandang ugo kelawan pangan
Yaiku bageanipun
Wong melek sabar narima
Mula aja turu sore kaki

Sing bener yo lakonano
Sing kliru yo ndang tinggalno
Ojo mung manut karepmu
Manuto karepe gustimu

Wong nandur bakale ngunduh
Ngunduh uwohing pakarti
Sak begja-begjane lali
Luwih begja eling lan waspada

Ojo turu sore kaki
Ono dewo nglanglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine dunga tetulak

Sandang ugo kelawan pangan
Yaiku bageanipun
Wong melek sabar narima
Mula aja turu sore kaki

Sing bener yo lakonano
Sing kliru yo ndang tinggalno
Ojo mung manut karepmu
Manuto karepe gustimu

Wong nandur bakale ngunduh
Ngunduh uwohing pakarti
Sak begja-begjane lali
Luwih begja eling lan waspada

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.