Lirik Lagu Berjuang Kanggo Kowe by Limin Druju.
Seprene suene bebrayan karo kowe
Ra ono watese anggonku leh ngemong kowe
Ra kurang sabarku ngadepi tingkah lakumu
Sing terus manasi
Nguji kesetianing ati
Senajan ati iki terus mok larani
Tetep aku nang kene berjuang kanggo kowe
Kowe rasah krungu tangis iki
Kowe rasah ngroso loro iki
Kabeh bakal tak lakoni mung dinggo sliramu
Supoyo seneng atimu keturutan panyuwunmu
Kowe rasah ngerti panyuwunku
Ngimpi sing kependem ning atiku
Legawane atiku tak pasrahke dalan uripku
Dongaku marang gusti mugo diijabahi
Snajan nyesek ning ati kasunyatan lakuku
Ora tak gelani lehku sesanding karo sliramu
Kowe rasah krungu tangis iki
Kowe rasah ngroso loro iki
Kabeh bakal tak lakoni mung dinggo sliramu
Supoyo seneng atimu keturutan panyuwunmu
Kowe rasah ngerti panyuwunku
Ngimpi sing kependem ning atiku
Legawane atiku tak pasrahke dalan uripku
Dongaku marang gusti mugo diijabahi
Kowe rasah krungu tangis iki
Kowe rasah ngroso loro iki
Kabeh bakal tak lakoni mung dinggo sliramu
Supoyo seneng atimu keturutan panyuwunmu
Kowe rasah krungu tangis iki
Kowe rasah ngroso loro iki
Kowe rasah ngerti panyuwunku
Ngimpi sing kependem ning atiku
Legawane atiku tak pasrahke dalan uripku
Dongaku marang gusti mugo diijabahi
Mugo dongaku
Diijabahi