Lirik Lagu Prigel Pangayu Anjarwening – Arum Dalu

Lirik Lagu Arum Dalu by Prigel Pangayu Anjarwening.

Sumerbak nyirep teleng ati
Ngambar arum mlati ing ratri
Wewangenmu dina kawuri
Seksi katresnan sejati

Nyawang pasuryanmu ing tawang
Ketaman ayune sri wulan
Kaya-kaya wus sesandingan
Senadyan amung wewayang
Amung wewayang

Kelingan setyamu kelingan sedyamu
Nalika nate janji janji
Sebo ing dampar ati
Ngelali opo wis lali

Sekar kang rinonce datan kedunung
Nandhang lelakon tuwuh getun keduwung
Tumetes waspa tiba ing lembayung
Pindha ombak samudra tan kebendhung

Mega mendhung tan kandheg tetangis
Nelesi kembang ati sing atis
Ati kataman janji lamis
Kegodho lathi kang manis
Grentes ginaris

Sekar kang rinonce datan kedunung
Nandhang lelakon tuwuh getun keduwung
Tumetes waspa tiba ing lembayung
Pindha ombak samudra tan kebendung

Ginurit endah sastra kang semu
Tansah ngreridu jroning lamunku
Tan ana liya among sliramu
Nyata jejantung ing tilam sariku
Cahya netraku

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.