Lirik Lagu Didi Kempot – Kloso Pandan

Lirik Lagu Kloso Pandan by Didi Kempot.

Sego sak piring
Mbiyen dipangan wong loro
Wedang secangkir
Mbiyen diombe wong loro
Turu tanpo kasur
Angler biso nglindur
Ning kloso pandan yo
Tanpo kemul

Kloso pandane
Iseh ono neng omahku
Saben wengi neng
Kene iseh tak nggo turu
Turu aku dewe
Adem tanpo kowe
Neng kloso pandan
Mbiyen sing kae

Reff :

Saiki kowe lali karo aku
Kepetuk wes ra gelem nyopo aku
Barang uwes mulyo
Saiki kowe cidro
Lali kloso pandan dek semono

[Music]

Kloso pandane
Iseh ono neng omahku
Saben wengi neng
Kene iseh tak nggo turu
Turu aku dewe
Adem tanpo kowe
Neng kloso pandan
Mbiyen sing kae

Reff :

Saiki kowe lali karo aku
Kepetuk wes ra gelem nyopo aku
Barang uwes sugih
Saiki kowe malih
Koyo banyu bening dadi getih

Barang uwes mulyo
Saiki kowe cidro
Lali kloso pandan dek semono

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.