N.A. Winong Nawangsari - Karang Kates Ninggal Tresno

Lirik Lagu Karang Kates Ninggal Tresno by N.A. Winong Nawangsari.

Karang kates bendungan wewengkon Malang
Kinclong kinclong banyune nggugah kenangan
Saben liwat tumuju ing brang wetan
Luh tumetes atiku tratapan

Lenggah jejer sun elus elus rikmane
Koran lawas pinongko dadi kasure
Catur netro nglaras tembang asmoro
Sumilire angin nggugah roso

Mbok yo eling Karang kates
Ning saiki kowe ora ngrewes
Karang kates ninggal tresno
Aku kowe nate sumpah prasetyo

Ilang muspro saiki ono ing ngendi
Tanpo pamit tego nyulayani janji
Sworo ati mung tansah angenteni
Karang kates ninggal tresno kang sejati

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.