Lirik Lagu Prapatan Kartonyono by Didi Kempot.
Srengenge padhangono ati iki
Singkirno mendhung sing ning langit kuwi
Aku kepengin nyawang
Senajan mung sedhelo
Isih ning kene opo uwis lungo
Rembulan sing ono ing langit biru
Kancanono aku wóng sing nandang rindhu
Gandhengen tanganku
Aku pengin ketemu
Ben mari roso kangene atiku
Ning kene ning kutho ngawi
Janjine tansah nresnani
Neng kene ning kutho ngawi
Janjimu jare ra lali
Naliko semono
Kowe pamit lungo
Neng kene ning prapatan kartonyono
Neng kene aku ora cidro janji
Nganti mati aku sumpah ora lali
Nduwe roso kangen
Aku yo isih seneng
Ning kene aku pengin
Urip bareng
Ning kene ning kutho ngawi
Janjine tansah nresnani
Ning kene ning kutho ngawi
Janjimu jare ra lali
Naliko semono
Kowe pamit lungo
Ning kene ning prapatan kartonyono
Naliko semono
Kowe pamit lungo
Ning kene ning prapatan kartonyono