Lirik Lagu Shepin Misa - Ngamen 2

Lirik Lagu Ngamen 2 by Shepin Misa.

Mak iki anakmu prawan
Wiwit cilik ono ing perantauan
Melu ngewangi neng kantin sekolahan
Telung sasi mak aku urung bayaran

Mak dongamu mandi tenan
Dingijabahi marang gusti pengeran
Koyok ngene rasane wong ora nduwe
Nduwe pisan di ece karo kancane

Iling iling manungso bakale mati
Yen wes mati di kubur sanak family
Di pendem jero di apit bumi
Ono kubur iku akeh panggodo
Ulo klabang kolojengking podo moro
Ono setan membo-membo dadi perawan
Benno krasan ning ono kuburan
.
Neng akhirat ora ono motor liwat
Neng akhirat ora ono sego berkat
Neng akhirat ora ono mejo biliard
Onone godo ne moloikat
.
Sak sugih sugih e uwong mesti ono mlarate
Sak mlarat mlarat e uwong mesti ono celenganne

Makane golek bojo ojo mandang rupo
Rupo elek kuwi yo ora dadi ngopo
Makane golek bojo ojo mandang bondo
Seng penting ora ngentekne warisan moro tuwo
.
Kowe pancen keren le koyok bekas pacarku mbiyen
Eman eman tenan kerenmu mung kanggo obralan
Ngobral ngobral janji le durung mesti uripmu mulyo

Mulo aku wes kondo melu aku urip nang deso
Ngewangi gawe boto menek klopo nganggo ondo

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.