Lirik Lagu Rembulan 2 by Ardia Diwang Probowati (Cipt. Ipa Hadi Sasono).
Ayem rasaning ati yen aku nyawang sliramu
Yekti kangmas pepujan nyata ing atiku
Sabendina mung ngelamun eling esem gemuyumu
Aku rabisa oncat nyata tresna lahir lan batinku
Tajem soroting netra agawe getering nala
Arum rambutmu ambabar ing saisi ndonya
Nyata sliramu sulistya solah tingkah kadya arjuna
Sunare rembulan tulung wartakna
Mibera liwat angin ing wengi
Layangna tresna tulusing ati
Rasaning ati wegah yen ta amung nyawang
Asmara yekti pengin tansah sesandingan
Hawaning jero batinku iki
Amung nyata pengin bisa nduweni
Pepalang tresna muga bisa dilakoni
Kasembadan gayuh tresnaku kang suci