Lirik Lagu Ardia Diwang Probowati - Dewi Kilisuci

Lirik Lagu Dewi Kilisuci by Ardia Diwang Probowati

Binarung sworo jagad
Kang angrujit nolo
Hangiring jengkaring putri kang kaloko
Cinondro widodari ngejowantah ing bawono

Pating gumebyar busono gelar mahamantri
Putri kinasih ratu airlangga kang kawiji
Sanyoto merak ati dewi kilisuci

Akeh satrio kesengsem putri kahuripan
Maheso suro yekti jengkar saking pertapan
Mung pingin biso nompo manising katresnan

Rekodoyone dewi kilisuci
Dudu endahing tresno kang den paringi
Mung urug gunung watu kang agawe pati
Maheso suro sirno nggowo laraning ati

Roso getun ing njroning wardoyo
Dewi kilisuci anetep njroning guwo
Selomangleng dadi papaning topo broto
Madep darmaning resi kang sanyoto

Pating gumebyar busono gelar mahamantri
Putri kinasih ratu airlangga kang kawiji
Sanyoto merak ati dewi kilisuci

Akeh satrio kesengsem putri kahuripan
Maheso suro yekti jengkar saking pertapan
Mung pingin biso nompo manising katresnan

Rekodoyone dewi kilisuci
Dudu endahing tresno kang den paringi
Mung urug gunung watu kang agawe pati
Maheso suro sirno nggowo laraning ati

Roso getun ing njroning wardoyo
Dewi kilisuci anetep njroning guwo
Selomangleng dadi papaning topo broto
Madep darmaning resi kang sanyoto

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.