Lirik Lagu Angel Merem - Plahoroning Ati

Lirik Lagu Plahoroning Ati by Angel Merem.

Wis pancene jarak nggawe dewe kadohan
Aku neng kene kowe adoh neng kono
Surupe srengenge melu nututi lakuku
Tumuju ing dalan bali

Aku bali nuruti kekarepaning ati
Adoh paran seprene wis tak lakoni
Gebyare kutho kroso peteng ing mripatku
Sepi ing atiku saiki

Temanggung udane deres
Biyen wis tak tembung ugo uwis dibales
Gluduge neng njero ati
Jebule kowe saiki malah mblenjani

Jo ijo godhonge mbako
Royo-royo nganti wis garing
Rasane kepingin muring

Ring garing kembange kopi
Kemuning gogrog neng ati
Setyo nresnani malah ditinggal rabi

Temanggung udane deres
Biyen wis tak tembung ugo uwis dibales
Gluduge neng njero ati
Jebule kowe saiki malah mblenjani

Jo ijo godhonge mbako
Royo-royo nganti wis garing
Rasane kepingin muring

Ring garing kembange kopi
Kemuning gogrog neng ati
Setyo nresnani malah ditinggal rabi

Lilo lilo tak lali lali
Kabeh kudu tak lakoni
Tak linting mbakone
Karo tak sambi ngopi
Legi pait salite uripku iki

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.