Lirik Lagu Redsox DPR - Sermo Ninggal Cerito

Lirik Lagu Sermo Ninggal Cerito by REDSOX DPR (Damar Budi feat Prakoso Priyambodo feat Rizky Aditya).

Pilu rasane yen kelingan sliramu
Wis saking suwene kowe karo aku
Nanging keno opo kowe tego medhot tresno
Aku kurang opo nganti kowe lungo

Mbiyen janjimu ra bakal ninggal aku
Nanging nyatane janjimu mung palsu
Mung sandiwara cintamu

Wis cukup ngerti wae ro watakmu
Wis ora bakal ngemis neng awakmu
Aku duwe ati nduwe harga diri
Lungamu ra bakal tak tangisi

Mung kowe ngerti roso ati iki
Aku ora gelem pisah nanging aku pasrah
Kowe sing tak sayang saiki wis ilang
Kowe mung iso tak sawang

Janji tinggal janji lilakno awakku
Arep piye meneh iki pancen wis nasibku
Kudu medhot tresno
Disekseni howo adem sing neng waduk sermo

Birune langit ijone cemoro
Anyepe banyu jembare sermo
Batinku njerit atiku kesikso
Sliramu dijodohke wong tuwo

Senajan loro isaku mung nrimo
Aku percoyo karma kuwi ono
Howo adhem neng waduk sermo
Dadi seksi kowe cidro

Mung kowe ngerti roso ati iki
Aku ora gelem pisah nanging aku pasrah
Kowe sing tak sayang saiki wis ilang
Kowe mung iso tak sawang

Hoo janji tinggal janji lilakno awakku
Arep piye meneh iki pancen wis nasibku
Kudu medhot tresno
Disekseni howo adem sing neng waduk sermo

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.