Lirik Lagu Sing Tenang Dik by Novid Candra Nugraha.
Tulung percoyo aku sayang sliramu
Ra ono liyane neng atiku
Ora urusan kowe bekase sopo
Yen karo aku uwis bedo cerito
Dhik tulung percoyo gur kowe sing neng atiku
Koyo panase srengenge neng langit sing biru
Bakale tak jogo rogo batin jero ati
Aku ra bakal ngliyo po meneh golek ganti
Langit mendung oleh yen ameh nibakne banyu
Tapi bagiku pantang gawe tangis atimu
Rosoku nggo sampean ra bakal kabur kanginan
Mergo neng sandingmu ati iki wis kroso nyaman
Tulung percoyo aku sayang sliramu
Ra ono liyane neng atiku
Ora urusan kowe bekase sopo
Yen karo aku uwis bedo cerito
Ora sah sumelang aku bakal nggawe gelo
Neng atiku ra ono niat gawe kowe loro
Sak panase geni ono banyu sing nelesi
Sak gedene pacoban ayo bareng diadepi
Ora bakal mundur aku ora bakal nyerah
Ora popo ajur sing penting atimu bungah
Tresnoku seko ati ora mung seko lambe
Ora sekedar janji bakale tak buktekne
Tulung percoyo aku sayang sliramu
Ra ono liyane neng atiku
Ora urusan kowe bekase sopo
Yen karo aku uwis bedo cerito
Tulung percoyo aku sayang sliramu
Ra ono liyane neng atiku
Ora urusan kowe bekase sopo
Yen karo aku uwis bedo cerito
