teklek kecemplung kalen
timbang golek aluwung balen
iso ngendang ora iso nyuling
iso nyawang ora iso nyanding
tuku bawang kliru mrico
kadung sayang mung dianggep konco
nandur jae ning mburi omah
ora kowe ora masalah
ngidung parikan jowo
ben uripe tansah legowo
manembah marang sing kuoso
urip mulyo tansah bahagio