Lirik Lagu Esa Risty - Tresno Waranggono feat Erlangga Gusfian

Lirik Lagu Tresno Waranggono by Esa Risty ft Erlangga Gusfian

nelongso roso rasane tangis njroning atiku
yen kelingan esem gemuyumu
larasworo gending tresno gawe kangene atiku
tansah eleng aku ro sliramu

aduh kangmas sak tenane aku ngerti atimu
ning wes pastine aku duk jodohmu
pancen roso kari roso kudu lilo nggonmu nrimo
lilakno aku nyanding prio lio

ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu
kegugah atiku krungu suwaramu
aku mung bisa ndedungo waranggono sing tak tresno
mugo biso urep tentrem mulyo

tak tulis lakon tresnamu ning gending katresnanku
tak tembangne saben kangen sliramu
sak tenane aku nangis nanging tresno wis ginaris
taklakoni kanti ikhlas ati

wuyungku ngelayung ngamboro ing awang awang
tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang
tumetes eloku deres mili ono pipi
opo tresno iki pancen ra kudu nduweni

Best Lyrics ™
Best Lyrics ™Saya hoby banget sama yang namanya ngeblog. salah satu platform gratis yang aku gunakan adalah blogger. Dan salah satu situs atau blog saya yaitu Best Lirik Lagu Blogspot. best lirik lagu blogspot merupakan situs gratis tempat koleksi penyimpanan lirik lagu terbaik, terbaru, terupdate dan rutin posting hampir setiap hari. Lirik lagu yang kami tulis tanpa chord / kunci gitar dan meliputi lagu lagu dari berbagai daerah di Indonesia, Malaysia hingga manca negara atau bahkan sedunia.