Lirik Lagu Kusuma Layu – Gilang Setyawan & Ki Tantut Sutanto

Lirik Lagu Kusuma Layu by Gilang Setyawan & Ki Tantut Sutanto.

Amung sira memaniking ati
Sang putri kusumaning dewi
Rika wus sumpahing janji
Ing wanci wulan nendhenge ndadari

Ngrakit bebrayan tekaning pati
Ing rina kalawan ratri
Nanging sira nglincati janji
Gawa rasa tresna sakjroning ati

Kapangku kang tanpa upama
Uga rasa tresna sakjroning dhadha
Sira wus ninggalake prasetya
Urip bebarengan mung teka ana lamunan

Merga rika wus gandeng asta priya liya
Anane gela kuciwa kang sun rasa
Amung esem guyumu kang katon ing netra
Kusuma layu luntur malela

[Macapat / Mocopat]

Hanyarkara cahyane mimbuhi
Kusumayu agawe wiwaha
Gandhes luwes seksolahe
Gandrung gandrung linuhung
Luruh rereh tan njuwarehi
Tinon saking tebihan
Lir sotya satuhu

Kapangku kang tanpa upama
Uga rasa tresna sakjroning dhadha
Sira wus nunggalake prasetya
Urip bebarengan mung teka ana lamunan

Merga rika wus gandeng asta priya liya
Anane gela kuciwa kang sun rasa
Amung esem guyumu kang katon ing netra
Kusuma layu luntur malela

Lila aku lila
Lila aku lila

Lyrics
LyricsUpdate Lirik Lagu terbaru dan populer saat ini, dengan berbagai genre diantaranya Dangdut, Koplo, Pop, Indo, Slowrock, KPop, dll. Lagu lagu dari berbagai adat dan suku daerah Indonesia (Aceh, Bali, Batak, Karo, Dayak, Jawa, Minang, Melayu, Osing Banyuwangi, Sunda, Tarling, dsb) hingga manca negara.